Para Bapak para ibu poro jamaah sedoya ingkang kulo hormati
Saklebetipun kito gesang wonten dunyo puniko mestinipun saben-saben tiyang gadahi panyuwunan, kepinginan, utawi cita-cita ingkang mawarni-warni. Sedoyo usaha dipun kerahaken kangge wujudtaken sedoyo ingkang dados keinginan kito. ananging saklebetipun kito usaha ampun ngantos kito supe dateng amalan ibadah ingkang saget paring kesuksesan inggih puniko Doa.
Para Bapak para ibu poro jamaah sedoya ingkang kulo hormati
Saklebetipun Doa, selaku kaum muslimin kito kedah paring wigati dateng punopo maon ingkang saget dadosaken Doa dipun ijabahi lan penyebab doa ingkang tertolak.
Dene punopo kemawon ingkang saget dadosaken doa dipun ijabahi, antaranipun:
1. Ikhlas saklebetipun doa.
Meniko modal ingkang utami supados doa kito dipun ijabahi Alloh.
Allah Ta’ala berfirman
“Maka sembahlah Allah dengan memurnikan ibadah kepada-Nya, meskipun orang-orang kafir tidak menyukai(nya).” (QS. Al Mu’min: 14)
2. Nderek dateng tuntunanipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam
Allah Ta’ala berfirman
Rasululloh paring tuntunan kaitanipun kalian manjataken doa inggih puniko maos pujian dateng Alloh, shalawat dateng Rasululloh, Ndadep kiblat, lan wonten katah malih.
3. Kedah yakin doanipun terkabul.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda
“Berdoalah kepada Allah dalam keadaan yakin akan dikabulkan, dan ketahuilah bahwa Allah tidak mengabulkan doa dari hati yang lalai.”
4. Kedah bener-bener manteb harapanipun.
Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda
“Jika salah seorang dari kalian berdoa hendaklah benar-benar mantap dalam mengharap, dan janganlah mengatakan: ‘Allahumma in syi’ta fa-a’thini (Ya Allah jika Engkau menghendaki maka berikanlah untukku), karena sesungguhnya Allah ‘azza wajalla tidak dalam tekanan.”
5. Mendet wekdal ingkang mustajab.
Milih wekdal ingkang sae kagem doa kados antaranipun adzan lan iqomah, sepertiga malam akhir, lan lintunipun.
Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken hamba Alloh ingkang manggihi kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.
Semoga Bermanfaat
Tidak ada komentar:
Posting Komentar