Jumat, 26 November 2021

3 Perisai diri dan Keluarga

 Poro Bapak Poro Ibu lan poro jamaah ingkang kulo hormati

Wonten Tigang perkawis ingkang saget kito lampahi kagem Ngrekso diri kito lan keluarga kito sangking sedoyo kejahatan, kemaksiatan lan sedoyo keburukan lintunipun. Tigang perkawis puniko saget dados perisai utawi tameng menawi tansah kito lampahi kanti istiqomah (terus menerus dan teratur), Nopo Bapak Ibu tigang perkawis meniko?

1. *Syukur*


Alloh Berfirman Wonten Ing Alqur’an Surah Ibrohim ayat 7 :


“Dan (ingatlah ), tatkala Tuhanmu memaklumkan; Sesungguhnya jika kamu bersyukur, pasti Aku akan menambah (nikmat) kepadamu, dan jika kamu mengingkari (nikmat-Ku), Maka Sesungguhnya azab-Ku sangat pedih.” (QS Ibrahim [14]: 7). 

Ayat meniko asring dikutip ing saben obrolan babagan rasa syukur. Ingkang dados pertanyaan, jenis raos syukur ingkang kados pundi ingkang sanget mbeto tambahe nikmat sangking Allah lan saget nebehaken siksanipun Alloh, kados ingkang  kasebut ing ayat meniko?

Ahmad bin Faris ing karyanipun Maqayis al-Lughah nyaranake pinten-pinten makna tembung syukur meniko, wantawisipun syukur amargi wontenipun kebagusan ingkang dipun pikantuki kalian tiyang meniko. Kanthi teges meniko, raos syukur ditindakake kanthi maos Alhamdulillah atas nikmat ingkang sampun dipun paringaken kalian Alloh SWT. Shaykh ar-Raghib al-Ashfahani ing Mufradat berpendapat bilih tembung syukur uga ateges upaya kepengin nuduhake nikmat-nikmat Alloh SWT.

Mula, rasa syukur sanget  dingertosi minangka ngakoni kanthi ati kanthi sadhar bilih kasenengan ingkang dipun tampi, sekedik utawa katah, kanthi kawontenan gampang utawa angel sedoyo niku nikmat sangkin Allah SWT. kanti kesadharan meniko sahinggo saget nyebabaken lisan matur Alhamdulillah, lan diwujudake kanthi tumindak sholih kagem nambahi kabecikan meniko.

2. *Shodaqoh*

Menawi kito ningali ayat-ayat Al-Qur'an Surah al Baqorah (2): 195, lan 274, mula menehi sedhekah ing kasus puniko yaiku menehi sedhekah kanthi wujud bandha (sumbangan). Nanging sejatosipun shodaqoh nduweni teges luwih jembar, ora mung ana gandhengane kaleh bandha mawon. Ingkang kedah dipun pikirake ing mriku inggih puniko apa syarat shodaqoh ingkang saget dados tameng kagem kitosami lan kulawarga kito? Syarat kasebut kalebu 3 perkara: 1). Shodaqoh ditindakake kanthi temen-temen lan mung ngajeng-ajeng Ridhonipun Allah SWT, 2). Nindakake Sodaqoh mboten namung naliko longgar ke mawon, nanging ugi nalika sempit, 3). dipunlampahi kanthi istiqomah (terus-terusan saben dina) sanajan sekedik.

3. *Do’a dan dzikir*

Katah sange tayat al Qur’an ingkang jelasaken tentang do’a, misal QS. Al-Ar’af (7): 55-56. Nanging ingkang terpenting kados pundi kersane saget doa dados perisai? Inggih puniko : Doa dipun aturaken sesuai kalian kebutuhan, amargi do’a ingkang mekaten meniko bade dipun aturaken kanti sepenuh hati, kanti tadhoru’ dan khufyah (rendah hati, berharap harap cemas menawi doa nipun mboten dikabulaken). Dengan kata lain, tiyang muslim kedah mangertos tujuan gesangipun, lan mangertos sedoyo kebetahanipun kagem mencapai tujuanipun.

Do’a meniko bersifat aktif, artosipun wonten ihtiar ingkang bersanding kalian do’a inongko wujud sangking keseriusanipun do’a ing  dipun panjataken.

Adapun dzikir, inggih puniko upaya kagem senantiasa menghadirkan Allah ing saben waktu bahkan setiap tarikan nafas. Sedangkan dzikir ingkang terbaik inggih puniko sholat, amargi ing ndalem sholat terakumulasi katah kebagusan wantasiwipun: Penghambaan, Wujud kebersyukuran, Dzikir lan do’a. Pramilo meniko monggo bapak ibu kita selalu berusaha, memperbaiki kualitas dan kuantitas sholat kita dalam rangka membentengi diri sangking sedoyo keburukan.

Poro Bapak poro ibu jamaah sedoyo ingkang kulo hormati.

Monggo kito nyuwun dumateng Alloh, Mugi-mugi kito sami saget istiqomah anggenipun dzikir dumateng Alloh, lan mugi-mugi kulo lan panjenengan sami kagolong tiyang ahli dzikir lan ahli syukur Aamiin-aamiinya Robbal ‘alamin.


Mekaten poro Bapak Poro Ibu ingkang saget kulo aturaken wonten kiranglangkungipun atur kulo nywun pangapunten ingkang katah kulo akhiri ihdinas shirotol mustakim 

Wassalamu’alaikum Warahmatullohi wabarokatuh


Senin, 22 November 2021

Doa Ingkang Mustajab

Para Bapak para ibu poro jamaah sedoya ingkang kulo hormati

Saklebetipun kito gesang wonten dunyo puniko mestinipun saben-saben tiyang gadahi panyuwunan, kepinginan, utawi cita-cita ingkang mawarni-warni. Sedoyo usaha dipun kerahaken kangge wujudtaken sedoyo ingkang dados keinginan kito. ananging saklebetipun kito usaha ampun ngantos kito supe dateng amalan ibadah ingkang saget paring kesuksesan inggih puniko Doa.

Para Bapak para ibu poro jamaah sedoya ingkang kulo hormati

Saklebetipun Doa, selaku kaum muslimin kito kedah paring wigati dateng punopo maon ingkang saget dadosaken Doa dipun ijabahi lan penyebab doa ingkang tertolak.

Dene punopo kemawon ingkang saget dadosaken doa dipun ijabahi, antaranipun:

1. Ikhlas saklebetipun doa.

Meniko modal ingkang utami supados doa kito dipun ijabahi Alloh.

Allah Ta’ala berfirman


 “Maka sembahlah Allah dengan memurnikan ibadah kepada-Nya, meskipun orang-orang kafir tidak menyukai(nya).” (QS. Al Mu’min: 14)

2. Nderek dateng tuntunanipun Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam

Allah Ta’ala berfirman



“Sesungguhnya telah ada pada (diri) Rasulullah itu suri teladan yang baik bagimu (yaitu) bagi orang yang mengharap (rahmat) Allah dan (kedatangan) hari kiamat dan Dia banyak menyebut Allah.” (QS. Al Ahzab: 21)

Rasululloh paring tuntunan kaitanipun kalian manjataken doa inggih puniko maos pujian dateng Alloh, shalawat dateng Rasululloh, Ndadep kiblat, lan wonten katah malih.

3. Kedah yakin doanipun terkabul. 

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda

 “Berdoalah kepada Allah dalam keadaan yakin akan dikabulkan, dan ketahuilah bahwa Allah tidak mengabulkan doa dari hati yang lalai.”

4. Kedah bener-bener manteb harapanipun.

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda

 “Jika salah seorang dari kalian berdoa hendaklah benar-benar mantap dalam mengharap, dan janganlah mengatakan: ‘Allahumma in syi’ta fa-a’thini (Ya Allah jika Engkau menghendaki maka berikanlah untukku), karena sesungguhnya Allah ‘azza wajalla tidak dalam tekanan.”

5. Mendet wekdal ingkang mustajab.

Milih wekdal ingkang sae kagem doa kados antaranipun adzan lan iqomah, sepertiga malam akhir, lan lintunipun.

Mugi mugi Allah tansah midanget lan ngijabahi dunga panyuwun kita, andadosaken hamba Alloh ingkang manggihi kabegjan dunya ngantos akhirat. Amin.


Semoga Bermanfaat



3 Perisai diri dan Keluarga

 Poro Bapak Poro Ibu lan poro jamaah ingkang kulo hormati Wonten Tigang perkawis ingkang saget kito lampahi kagem Ngrekso diri kito lan kelu...